Rabu, 02 September 2020

Khutbah Jawa 2

لسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ
إنَّ الـحَمْدَ لِلّهِ نَـحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ، وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَن لاَّ إِلَهَ إِلاَّ الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُـحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُولُه.
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا
يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا أَمَّا بَعْدُ
Assalamualaikum Warrahmatullahi Wabarrakatuh
Innalhamdalillahi nahmaduhu wa nasta'iinuhu wa nastaghfiruhu
Wa na'udzubillahi min(g) syururi an(g)fusina wa min(g) sayyiati a'maalinaa
Mayyahdihillahu falaa mudhillalah Wa mayyudhlil falaa haadiyalah
Wa asyhadu alla ilaha illa Allahu wahdahulaa syariikalah
Wa asyhadu anna muhammadan 'abduhu wa rasuuluhu
Yaa ayyuhalladziina amanuuttaquallaha haqqa tuqaatihi
Wa laa tamuutunna illa wa an(g)tummuslimuun.
Yaa ayyuhannaasuttaquu rabbakumulladzi khalaqakum minnafsiiuwaahidatiiuwakhalaqa minhaa zaujahaa wa batstsa minhumaa rijaalaa katsiiraauwanisaau wattaquallahalladzii tasaa aluuna bihi wal arhaama inna Allaha kaana 'alaikum raqiibaa
Yaa ayyuhaalladziina aamanuuttaquu Allaha wa qauluu qaulaan(g) sadiidaa
Yushlihlakum a'malakum wayaghfirlakum dzunuubakum wa mayyuthi'illaha warasuulahu
faqad faaza fauzan 'adhiimaa ammaba'du
Jamaah Jumat rahimani wa rahimakumullah
mangga kita ningkatkaken takwa kita dumateng Allah Ta’ala kanti takwa kang saksae-saenipun, injih menika ngamalkaken munapa kang diperintahkaken dening Pangeran saha Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam sarta nebihi menapa kang dilarang Pangeran saha Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam.
Shalawat sarta salam mugi tansah kaatur dumateng nabi kita Muhammad shallallahu ‘alaihi wa sallam, banjur dumateng keluarga, sahabat-sahabatipun, sarta sedaya pengikutipun ngantos akhir zaman.
Jamaah Jumat rahimani wa rahimakumullah
Allah Subhanahu wa Ta’ala sampun anjanjikaken bilih saben-saben makhluk ing bumi niki pasti angsal rezeki saking Pangeran. Saking jenis manungsa, kang dados makhluk kang dimuliakaken, ugi jenis rajakaya sampun Pangeran jamin rizkinipun. Allah Subhanahu wa Ta’ala ngendika:
وَمَا مِنْ دَابَّةٍ فِي الْأَرْضِ إِلَّا عَلَى اللَّهِ رِزْقُهَا وَيَعْلَمُ مُسْتَقَرَّهَا وَمُسْتَوْدَعَهَا ۚ كُلٌّ فِي كِتَابٍ مُبِينٍ
Wamaa min daabbatin fiil ardhi ilaa 'alallahi rizquhaa waya'lamu mustaqarrahaa wamustauda'ahaa kullun fii kitaabin mubiinin
“Lan ora ano sawijining kala ing bumi mesti Allah kang paring rezkinipun, lan Pangeran mersani saben papan kewan tuwin papan pangane. Sedaya katulis ing Kitab kang nyata (Lauh mahfuzh).” (QS. Hud: 6)
Jamaah Jumat rahimani wa rahimakumullah
Nalika mapak rezeki kang sampun katulis katakdirkaken dening Gusti Pangeran Allah SWT, saben muslim kedah berprinsip milah lan milih rezki kang halal, sanes jalaran katahipun samukawis barang. Mekaten ugi nalika pacoban arupa gerah, mila kedah kalandasan pengobatan kang disyariatkaken agami, mboten berprinsip kang penting cepet mantun.”
Mangga kita ngeningkakaen pawulanagn-pawulanagan kang nyangkut cara pikir kang kedah wonten ing pribadi setunggilang tiang muslim.
Ingkang sepisan, Rezeki saben manungsa ugi sedaya makhluk sampun dijamin Allah Ta’ala kados kasebat wonten ayat QS Hud ayat 6 wonten nginggil kala wau.
Ibnu Katsir rahimahullah nerangkaken, “Allah ta’ala paring kabar bilih Pangeran Kang njamin rezeki sedaya makhluk, saking sedaya rajakaya ing bumi, gede-cilik ing daratan utawa lautan.” (kitab Tafsir Al Quran Al Azhim).
Syaikh As Sa’dy rahimahullah nerangkaken, “Maksudtipun sedaya kang mlaku ing bumi sae saking manungsa utawi kewan wonten darat utawi segoro, Gusti Pangeran sampun njamin rezeki lan panganipun, sedaya ditanggung dening Allah.” (kitab Tafsir Al Karim Ar Rahman).
اللَّهُ يَبْسُطُ الرِّزْقَ لِمَنْ يَشَاءُ مِنْ عِبَادِهِ وَيَقْدِرُ لَهُ إِنَّ اللَّهَ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيمٌ
Allahu yabsuthurrizqa liman yasyaa-u min 'ibaadihi wayaqdiru lahu innallaha bikulli syai-in 'aliimun

“Lan akeh bebangsa kewan kang ora iso ngurus rezekine. Gusti Pangeran kang paring rezeki tumrap deweke lan tumrap sira kabeh lan Pangeran Maha Mireng ugi Maha Waspada.” (QS. Al Ankabut: 60).
Menawi jemaah pirsa cicak, ingkang mboten gadah lar mboten gadah swiwi mboten saget mabur. Ewo semanten, rezekinipun meniko nyamuk, lemut, jinglong ingkang saben dintenipun mabur.
Wonten malih kucing ingkah mboten saget nglangi, kaliyan toya kemawon banget ajrihipun, ewo semanten Gusti Allah SWT maringi rezeki kucing meniko arupi ulam, saking laut, saking kali, lewat sedekahipun para manungso.
Kaping kalih, Rezeki saben manusia sampun ditakdirkaken Allah Ta’ala
Mboten badhe satunggileng tiang angsal rezeki kecuali kang sampun ditakdirkaken. Mboten bakal pernah mungkin satunggileng tiang mendet rezeki kang sampun ditetapkaken ing takdiripun dening Pangeran.
“Abdullah bin Mas’ud radhiyallahu ‘anhu mucal, “Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam medal sabda marang kawula lan slirane tiang kang bener lan dibenerkaken: “Sakestune saben-saben sira dikumpulkaken dening Maha Pencipta ing rahim ibunipun 40 hari arupa nutfah, banjur dadi ‘Alaqoh (setetes getih) selajengipun dados Mudhghoh (segumpal daging) nalika mekaten dipun utus Malaikat supados nyebulkaken ruh, banjur diperintahkaken nulis sekawan bab : Rizki, Ajal, Amal tuwin Cilaka/bingahipun. Mila demi Allah kang mboten wonten Tuhan selainipun, nalika satunggileng tiang ing antarane sira kang nindakaken amalan ahli surga sahingga ora ano jarak antara piyambakipun tuwin suwarga kecuali segaris kemawon. Banjur piyambake nglaksanakaken satunggileng perbuatan ahli neraka sahingga piyambake masuk neraka. Sawijineng tiang saking sira kang nindakaken amalan ahli neraka sahingga mboten wonte lagi jarak antara piyambakipun tuwin neraka kecuali segaris kemawon. Dweke ngrubah nindakaken perbuatan ahli suwarga nalika tilaripun sahingga piyambake masuk surga.” (HR. Tirmidzi).
A Hasan Al Bashri rahimahullah nate dipun pundut pirsa: “Munapa Rahasia zuhud ing dunia?” piyambakipun pareng jawaban,
“Kawula sumerep bilih rezeki kulo mboten bakal pernah wonten kang mendet lintunipun kawula, mila kulo tenang babagan rezeki, lan kawula wus sumerep bilih ilmu kula mboten bakal wonten kang nindakaken lintunipun kawula, mila kawula nyibukaken ing ilmu,kawula sumerep bilih Allah tansah ngawasi kawula, mila kawula isin nalika nindakaken maksiat, kawula sumerep bilih kematianbakal njemput kawula, mila siapkaken bekal ketemunipun kaliyan Pangeran.”
Al Baihaqi paring riwayat kanti sanad Muhammad bin Abi Abdan mucal: “Hatim Al Asham nate mundut pirsa: “duh rasul ing masalah munapa sira mbangun sikap tawakkal?“ Sliranipun (rasul) paring pawulang, “ing 4 perkara: “sumerep bilih rezekiku ora ano kang mendet kajaba aku, mila aku ora mikirkaken masalah rizki, sumere bilih ilmuku ora bakal ano kang ngamalkaken selainku mila kawula sibukaken beramal,sumerep bilih kematian njeput kawula mila kawula banjur (mendet bekal) lan sumerep bilih kawula tansah ing Waspadanipun Pangeran, mila kawula isin nindakaken maksiat.” (Atsar riwayat Al Baihaqi).
Kaping tigo, Saben manungsa mboten bade dicabut nyawanipun ngantos sempurna rezeki kang ditakdirkaken.
“Jabir bin Abdillah radhiyallahu ‘anhu mucal: ‘Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam medal sabda, “hai manungsa, tindakna takwa dumateng Allah lan damel kesaenan nalika madosi (rezeki),jalaran saben kang anggadahi nyawa pejah ngantos piyambake sempurna rezekinipun, saniaso nate terlambat dumateng piyambake, mila tumindakna takwa dumateng Allah lan mbeneri nalika madosi (rezeki), (yaiku) munapa kang halal tuwin tinggalna munapa kang diharamkaken.” (HR. Ibnu Majah).
Kaping sekawan, Allah kang paring kesarasan tumrap manungsa:
وَإِذَا مَرِضْتُ فَهُوَ يَشْفِينِ
Wa-idzaa maridhtu fahuwa yasyfiin(i)
“Lan nalika kawula sakit, Pangeran Kang paring mantun.” (QS. Asy Syu’ara:80).
“Aisyah radhiyallahu ‘anha paring riwayat bilih Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallamnalika njenguk tiang sakit sliranipun dedonga: “Adz-hibil ba’sa robban naasi, isyfi wa antasy syaafi, laa syifaa-a illa syifaa-uka, syifa-an laa yughodiru saqoman” (duh gusti mugi paring ical penyakit.., duh Pangeran kang nguasani sedaya manungsa .. ,mugi paring saras sakestunipun paduka kang Maha Paring Kesarasan, mboten wonten kesarasan lintunipun saking pangeran, kesarasan kangmboten ninggalkaken satunggileng penyakit munapa pun).” (HR. Bukhari).

Lan Allah paring perintah tumrap kita supados berobat kanti sesuatu kang haram. Mangga kita ngeningkaken pawulang saking shahabat Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam, saking Abdullah bin Mas’ud radhiyallahu ‘anhu: “Saktemen Allah mboten damel kasarasan saking barang kang dipun haramkaken tumrap sira.” (HR. Bukhari).
Kaping gangsal, Penyakit meniko saget nebus dosa
“Sa’ad bin Abi Waqqash radhiyallahu ‘anhu mucal, “Duh Rasulullah, manungsa munapa kang paling awrat ujianipun?” sliranipun medal sabda, “Para Nabi banjur wong-wong sak ngisore. Siji-sijining wong diuji dicocokake karo (kualitas) agamane, yen agamane kuat mila ditambah ujiane, lan yen agamane lemah mila diuji dicocokake karo kekuatan agaman e. Tansah ana ujian tumrap satunggileng wong nganti akhire wong iku ora duweni dosa.” (HR. Ibnu Majah)
Akhiripun , insyaAllah kita muslim kang mboten ninggalkaken akidah kita, jalaran banda kang sampun katakdirkaken tumrap kita mboten bakal kelintu dateng liyan. Ampun ngantos kita ninggalkaken akidah kita, jalaran madosi kesarasan saking penyakit, utawi pados bondo rojo koyo naudzubillahi min dzalik.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ
الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرّحِيْمِ
Barrakallahu liiwalakum fiilquraanil'adhiim Wanafa'anii wa iyyaakum bimaa fiihi minal aayaati wadzdzikrilhakiim Aquulu qaulii hadzaa wa astaghfiruallahal'adhiim liiwalakum walisaairilmuslimiina walmuslimati fastaghfiruuhu innahu huwalghafuururrahiim.
Duduk sejenak dan lanjut ke Khutbah Kedua (Khutbah akhir plus doa)
Bacaan Akhir dari khutbah Kedua langsung berdiri tidak pakai salam:

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ. أَمَّا بَعْدُ؛ فَقَالَ اللَّهُ تَعَالَى : { وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى }
إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.

Dilanjutkan dengan doa untuk kaum muslimin seluruh alam:

اللَّهُمَّ اغْفِرْلَنَا ذُنُوْبَنَا وَ ذُنُوْبَ وَالِدَيْنَا وَارْحَمْهُمَا كَمَا رَبَّيَانَا صِغَارًا
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدّعَوَاتِ

رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِينَ سَبَقُونَا بِالْإِيمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلّاً لِّلَّذِينَ آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَؤُوفٌ رَّحِيمٌ

اَللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّاالْغَلَآءَ وَالْبَلَآءَ وَالْوَبَآءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَآئِدَ وَالْمِحَنَ مَاظَهَرَ مِنْهَا وَمَابَطَنَ مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَمِنْ بَلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً اِنَّكَ عَلَى كُلِّى شَيْئٍ قَدِيْرٌ

اَللَّهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَالْمُسْلِمِينَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَالْمُشْرِكِينَ وَدَمِّرْ أَعْدَائَكَ أَعْدَاءَ الدِّينَ وَجْمَعْ كَلِمَةَ الْمُسْلِمِينَ عَلَى الْحَقِّ يَا رَبَّ الْعَلَمِينَ

رَبَّنَا لَا تَجْعَلْ فِى قُلُوْبَنَا غِلًّا لِلَّذِيْنَ اَمَنُوْا رَبَّنَا اِنَّكَ رَؤُوْفٌ رَّحِيْمٌ. رَبَّنَا هَبْلَنَا مِنْ اَزْوَاجِنَا وَ ذُرِّيَّتِنَا قُرَّةَ اَعْيُنٍ وَ اجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِيْنَ اِمَامًا. رَبَّنَا اَتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَ فِى الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَ قِنَا عَذَابَ النَّارِ.

رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنفُسَنَا وَإِن لَّمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِينَ
رَبَنَا ءَاتِنَا فِي الدّنْيَا حَسَنَةً وَفِي اْلأَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النّارِ. رَبَّنَا تَقَبَّلْ مِنَّا إِنَّكَ أَنْتَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ وَتُبْ عَلَيْنَا إِنَّكَ أَنْتَ التَّوَّابُ الرَّحِيمِ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ

عِبَادَ الله! اِنَّ الله يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَ الْإِحْسَانِ وَ اِيْتَاءِ ذِى الْقُرْبَى وَ يَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَ الْمُنْكَرِ وَ الْبَغْىِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَّكَّرُوْنَ فَاذْكُرُوْا الله الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَ اشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَ لَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ وَ اللهُ يَعْلَمُ مَا تَصْنَعُوْنَ .

Tidak ada komentar:

Posting Komentar